2. KENALAN SEK!

  • Share
  • [i]

Kowe wes do moco postingan-postinganku, tapi durung kenal aku? habajilaks tenan ik. Wes, saiki kenalan karo aku sek. Ben soyo akrab dan kita bisa menumbuhkan bibit-bibit cinta diantara kita, lalu kita pacaran, nikah, memadu kasih, duwe anak, dan mbuh sakteruse *salaman*

Oke ayo kenalan. Saiki jenengku saifulloh, biasa dipanggil vino~ *macak vino g bastian*. Rak, rak, aku biasa dijeluk iful. Lair ning mbiantul Yogyakarta 4 mei 1995. Alhamdulillah Islam sakpole! Rung nikah, jeh jomblo. Yang-yangan we rung tau. Paling do wedi nek tak cedhaki. Rupaku koyo kriminal po yo? *ngoco*

Rak ding alesane aku rung tau yang-yangan iku, aku males wae. Ngentek ngentekkke duwit, ribet, ko babu sing diatur-atur, dan maksiat \m/. Hooh, yang-yangan ki maksiat. Hambok delokken wong yang-yangan kae, demok-demokan tangan, demok-demokan rambut, demok-demokan rai, nganti do culek-culekan. Hiiiiiii,  Gek delokken wong yang-yangan jaman saiki! Ngeclup sakpenakke! Jilaks tenan! Gelem po nek do dicelupi linggis?

Aku kok mah ngomongke wong yang yangan ki piye? Aku lagi kenalan je! Goblok tenan!

Wes, aku meh kenalan meneh!

Dadi aku ki wong lanang sing sakpole lanang. Ra arep berubah. Tetap pada pendirian.

Aku ki cah basketan \m/ dan mantan cah dansah~

Cita-citaku pengen dadi entrepreneur ko bapak ciputra. Bapak-bapak sing sangar tenan! Aku meh dodolan mbuh, rung reti. Walopun aku gagal ning awal pas dadi entrepreneur, tapi aku kudu neruske nganti sukses dengan cara cananangan. Koyo top ittipat kae sing usahane cenanangan, dan suksese cenanangan \m/

Goblok we pul! Cita-cita pengen koyo biapak ciputra, tapi sing diceritakke mah top ittipat?

Ha raurusan, sing tak reteni ming kuwi je!

Opo meneh yo…………………. Hmmmmmm

Who iyo! Aku ki wong.e ning socmed cangkeman. Tapi ning duniya nyata menengan. Bukane wedi po opo, tapi aku ming males wae ngomong karo uwong-uwong sing rung akrab. Ngomongke rajelas, koyo guyon, nggosip, ngomongke aib wong liyo dll.

Nek aku ngomong mesti do emosi, tenin! dadi aku mending meneng wae. Sah kokean cangkem! Mah mending lungo sisan seko kono! sangar ra? aku je!!!

Haterus piye nek kowe suk dadi pengusaha, tapi angel ngomong karo uwong-uwong? Kowe ra duwe jaringan, angel nggolek langganan, radu…………..

*nyaut*

Santé waeeeeeeee!!!!! Aku wes duwe trikke! Tenangmo atimu!

Yoh

Wes semono sek kenalane. Nek pengen kenal luwih jero, ki twitterku

wes yo, *lambaikan dada*


10 komentar: