Dadi ki to, dino kuwi dino minggu tanggal 15 desember 2013, aku karo wong-wongan perusahaan nunggang bis menyang pante. bedek bis.e piro?
hah, rareti?
blok
Bise ono pitulikuran meeeeeennnn!!! Gek bise bis pariwisata kae! Jilaks nan!
Gek reti ra? liburane kuwi ki blas ra mbayar!!!! Kowe do reti to rupaku nek reti gratisan? hayo wes koyo wong bar ngiseng kae. Sumringah!
Weslah mending tak critakke seko awal wae *nyilakke rambut*
Aku karo konco-konco mangkat seko perusahaan jam setengah 8 men. Tekan kono jam sepuluhan. Yo lumayan cepet sih, hayo njak bise sek nyopir cenanangan je cooooo. Formula siji we kalah og nek pamane bensine entek. Tenin!
Sesampainya di pante, aku karo konco-konco medhun seko bis, dan mendelehkan kaki-kaki ini ning lemah pante men! Hooh! Pantene berlemah, duduk berpasir. Aku yo nggumun, iso-isone ono pante nganggo lemah. Gek nengd- ndi ono rumpute neh. Pora mah sangar. Aku we nganti terkagum kagum og.
Eniwe ning pantene kuwi mau wes ono panggunge sing gede nan. Melebihi gedenya cintaku ke kamu~
Tenin gede nan! Acarane ndangdutan men~ Mbak-mbakke penyanyi hot nan. mataku nganti kobong kepanasen :)
Jos!
Hayo setelah beberapa menit nonton ndangdut, aku mangan bakso solo men. Baksone temonjo, tapi pedese kurang ajar. Tenin, pedese marakke emosi! Nganti piringe pengen tak pecahke ning ndasku! Hapiye wes, ilatku ko diobong, ko dislomot bat nyamuk bakar. Bayangno!
Wes, bar kuwi...
Aku mlaku-mlaku karo kancaku meeeeenn. Aku mlaku-mlaku ning pante sing ono resort.e. Pantene sebelah kiwo men.
Dadi pentene kuwi sepi nan men, bedo karo pante sing sebelah tengen mau. Nek sing sebelah tengen okeh nan uwonge, kemruyuk ko semut lagek do ndugem. Pante sing sebelah kiwo sepi nan ko hatiku~
Sesampenya ning pante sebeleh kiwo, aku terkagum-kagum nan men. Pantene resik nan, banyune biru nan, gek resote sangar nan. Aku sok nek wes sugeh tep kudu nyewo resort ko ngono kuwi. Pengen nan au. Pokokmen sangar tenin. Ning pante sing sebelah kiwo kuwi mau, ono kapal barang men. Kapal sing koyo nggon mancing mania kae lho, kapale wong sugeh sugeh. hih.
Bar puas ndelok ndelok pemandangan, aku karo kanca-kancaku foto-foto men. Hayo wes koyo model kae. Foto dengan berbagai pose sexy dan hot. Aku mamerke otot-ototku yang kencang dan wetengku yang kotak kotak koyo tempe garit bar digoreng.
Wes lah nyoh fotone langsung wae, rasah kokean sangkem
![]() |
aku mah koyo rojo |
Nyoh iki aku pas dewe
![]() |
Piye, rupaku ko wong kepising to? hmmm |