Au kepingin dadi pengusaha coy!
Dadi ki, beberapa hari yang lalu aku bar moco bukune bang @jayaYEA men. Sing judule the power of kepepet. Bukune sangar tenan. Intine yoiku awakdewe kudu duwe situasi kepepet ben usaha sing dilakokke berhasil. Koyo nek kepeseng kae. Walopun pas raono WC, tapi awakdewe kudu nemokke WC nggo ngiseng. Yo ra?
Lhaiyo seko buku mau, aku dadi kepikiran pengen dadi pengusaha sukses koyo top ittipat. Tapi yo ra ming kuwi sih sek marakke au pengen dadi pengusaha. Ono faktor liyane selain kuwi mau, yoiku, pengusaha ki utowo bisnis ki adalah pekerjaan nabi Muhammad SAW. nek ra percoyo golekkono dewe sumbere. Aku dudu ustadz, dadi raiso njelaske secara gamblang. Selain iku, nek dadi pengusaha sukses ki iso duwe unlimited wealth. Au mah koyo wong londo ki lho saiki, ngomonge nggo inggres, pacul telakmu sisan!
Yo walopun aku ki raduwe modal, tapi tetep wae au semangat dadi pengusaha. Modal ki masalah keri, penting saiki au duwe niat, ming gari eksyene sing durung. Sok nek bar lulus sekolah lah eksyene. Ben iso konsentrasi sakpole. (ojo dipol polke mas, wes mentok iki)
Delokken top ittipat kae. De'e sangar tenan. De'e duwe niat sing gedhe tenan (ko nggonaku). Eksyene we yo cenanangan sangare. De'e ora gampang nyerah, berjuang terus nganti titik darah penghabisan (kuwi kiyasan co, entek tenan getihmu, diopname we). Pokokmen aku salut tenan karo de'e. *cipika cipiki*
Eniwe, au yo moh kuliah og!!! kuliah suwe suwe, nek ming dadi karyawan yo podo wae rugi. Raiso duwe unlimited wealth. Mbendino kerjo, gajian pendak sasi pisan. hhhhhhhhhhhh, kesel.
Tapi nek kuliah jurusan bisnis aku gelem coy. Haiyo kuwi ki ngelmu je. Ngelmu nggo ngembangke usaha, usaha sing sesok iso nguripi ibuk bapakku, adikku, bojoku, anak anakku, ibuk mertuo, bapak mertuo, adek sepupu, kakak selangkangan, sopir bis, guru sd, guru smp, lan liya liyane.
Wes pokokmen, aku saiki pengen dadi pengusaha sukses! dadi mulai saiki aku meh sinau ngelmu bisnis, seko saiki! raono kata "sek sek", sekmpak po?
wes, salam enterpreneur \m/
love you ful pokmen!
BalasHapus